Selasa, 28 Oktober 2014

SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH (MACAPAT)

gbr nyari di google
Serat Wulangreh misuwur wonten bebrayan tiyang Jawi.Serat wulangreh anggitanipun Sri Pakubuwono IV punika nggadhahi basa ingkang gampil dipuntampi. Gampil dipunpundhut piwulangipun. Serat Wulangreh punika nggadhahi 13 pupuh antawisipun dhandanggula, kinanthi, gambuh, pangkur, maskumambang, dudukwuluh, durma, wirongrang, pocung, mijil, asmaradana, sinom, lan girisa.
Ingkang badhe kula rembang inggih punika pupuh gambuh. Pupuh gambuh wonten serat wulangreh kababar dados 17 tembang. Piwulang ingkang saged dipunpundhut babagan tiyang kang kedah nebihi watak adigang adigung adiguna. Adigang ateges ngendelaken kuwasa, adigung ateges ngendelaken kakuwatan, lan adiguna ateges ngendelaken kapinteran. Watak tetiga punika kedah dipuntebihi amarga saged ndamel setunggaling tiyang keblinger.

sapunika tuladha salah satunggaling tembang wonten pupuh gambuh

Sekar gambuh ping catur
sekar gambuh pola kaping papat

Kang cinatur, polah kang kalantur
kang dadi caturan/omongan, amarga polah kang ora teratur

Tanpa tutur, katula-tula katali,
ora gelem ngrungokake, saya suwe sengsara 

Kadaluwarsa ka tutuh
Wis kasep lan ora bisa di kendalikake

Kapatuh pan dadi awon
kaya mangkono bisa dadi kahanan kang elek


Piwulang kang saged dipunpundhut saking tembang gambuh ing nginggil punika "dados tiyang kedah purun mirengaken ngendikanipun tiyang supados saged mlampah wonten margi ingkang leres lan tebih saking kahanan ingkang awon".

Punika ingkang saged kula babar saking serat Wulangreh pupuh Gambuh anggitanipun Sri Pakubuwono IV.
Media pembelajaran serat wulangreh pupuh gambuh saged dipunpirsani wonten Media Pembelajaran Macapat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar