Kamis, 23 Mei 2013

Tembung Yogyaswara

Apa kuwi tembung yogyaswara?
Tembung yogyaswara yaiku tembung loro kang digandheng dadi siji kanthi teges lanang wadon.
Tuladhane ana akeh kayata:
putra-putri
siswa-siswi
mahasiswa-mahasiswi
gandarwa-gandarwi
pramugara-pramugari
raseksa-raseksi
lsp

Tembung yogyaswara beda lho ya karo dwilingga salin swara. Menawa dwilingga salin swara kuwi ora duwe  teges lanang wadon, ananging tegese padha.

Tuladhane dwilingga salin swara
bola-bali
wira-wiri
mloka-mlaku
mrana-mrene
lsp
Nah wis mudeng ta karo kawruh basa iki?
Siip...JOS pokokmen GO...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar