Selasa, 14 Mei 2013

Luhuring Pakarti R A Kartini (Wis rada telat lek ngeposke)


Raden Ajeng Kartini prinyantun ingkang miyos tanggal 21 April 1879 punika tokoh ingkang dados perintis perubahan kagem para priyantun istri. Piyambakipun miyos saking kaluwarga bangsawan ingkang kagungan pikiran majeng. Kartini punika pinter, cekatan, remen sinau, lan luwe sanget menawi wonten gegayutanipun kaliyan kawruh. Kartini nate sekolah wonten sekolahan Belanda, saderengipun piyambakipun dipunpingit. Wonten satunggaling dinten, rencangipun Belanda mundhut pirsa bilih punapa ingkang dados cita-citanipun Kartini. Kartini wangsuli bilih piyambakipun pengen ngrubah nasibipun kaum istri wonten satunggaling dinten samangke.
Wonten serat-seratipun Kartini ingkang dipunkintun dening rencangipun Belanda, piyambakipun saget criyos unek-unekipun. Serat-serat kala wau sampun dibukukaken kanthi irah-irahan “Habis Gelap Terbitlah Terang”. Sapunika perjuanganipun Kartini sampun saged ndamel prubahan kagem para istri Indonesia majeng. Era globalisasi sapunika, priyantun istri Indonesia saged ndherek aktif wonten bidang-bidang ingkang penting. Pendhidikan, kalenggahan wonten bebrayan ugi sampun laras lan seimbang. Wiwit jabatan ingkang paling ngandhap dumugi presiden sampun saget dipungayuh denging priyantun istri. Ananging, mbok menawi mekaten, kodratipun priyantun istri ugi ampun kesupen. Tiyang istri kejaba dados wanita karir, kalenggahanipun sampun inggil, tetep mawon kedah dados ibu kang kagungan kejibah mbangun moralipun putra-putrinipun.
Priyantun istri kedah wantun mernata. Tegesipun inggih punika piyambakipun dados garwa kagem kakungipun, ibu kangge putra-putrinipun, kedah tansah mernata kaluwarganipun kanthi sabecik-becikipun. Tansah paring tuladha kagem putra-putrinipun. Tetep mawon tiyang istri menika dados makmum, lan kakungipun kepala kaluwarga.
Pramila, hak emansipasi kang sampun dipungayuh dening Kartini sapunika kedah dipunlajengaken kanthi bener lan pener. Ampun ngantos nyimpang saking paugeranipun priyantun istri. Ingkang penting sanget, priyantun istri ampun dipunlecehaken amargi saking tumindakipun piyambak utawi saking tiyang sanes. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar