Jumat, 27 Maret 2020

Unggah-ungguh Basa Jawa

Assalamu'alaikum... Mugi-mugi tansah pinaringan kasarasan lan Indonesia enggal-enggal saged bebas saking pageblug COVID-19 utawi virus CORONA. Amin....


Sampun kirang langkung 2 minggu para kadang guru lan siswa nglampahi pasinaon wonten dalem. Mugi-mugi boten bosen lan tetep saged maringi kawruh dumateng para siswa. 

Wonten artikel menika bu Linna badhe ngandharakan babagan unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa menika salah satunggaling sarana wajib tumprap sesrawungan dateng tiyang sanes. Miturut Hardyanto lan Utami (2001:47) unggah-ungguh basa kaperang dados 4 (sekawan) inggih menika ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus. 

Lajeng, pripun bentenipun ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus?

Wonten mriki bu Linna badhe mbahas setunggal mbaka setunggal bentene ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus.

Ngoko Lugu

Ngoko lugu inggih menika unggah-ungguh basa Jawa kang nginakake tembung ngoko sedaya tanpa kacampuran krama. Ngoko lugu diagem ngendikan dumateng tiyang saumuran utawi rencang kang sampung rumaket.


Tuladha Ngoko lugu:



Ngoko Alus


Ngoko alus inggih menika unggah-ungguh basa kang ngangem tembung ngoko ananging dipuncampur kaliyan krama inggil. Dipunagem ngendikan kaliyan saumuran ananging ngendikan bab tiyang sepuh.


Tuladha Ngoko Alus



Krama Lugu


Krama lugu inggih menika unggah-ungguh basa kang tembungipun migunakaken tembung krama  tanpa dipunselipi tembung ngoko, ater-ater lan panambang tetep ngoko. Dipunagem ngendikan kaliyan tiyang ingkang dereng akrab, utawi nembe tepang


Tuladha Krama Lugu

Kowe – sampeyan – panjenengan
(Wonten ing krama lugu, tembung kang dipunagem inggih menika sampeyan)


Krama Alus

Krama alus inggih menika unggah-ungguh basa kang migunakake tembung krama inggil sedanten, ater-ater (awalan) lan panambangipun (akhiran) ugi dipunkramakaken. Dipunagem ngendikan kaliyan tiyang sepuh.


Tuladha Krama Alus

Kowe – sampeyan – panjenengan
(Wonten ing krama lugu, tembung kang dipunagem inggih menika panjenengan)


Menika andharan bab unggah-ungguh basa, mugi-mugi saged migunani tumprap pasinaon basa Jawi. 


GLADHEN

Para siswa klik tautan ing ngisor iki kanggo gladhen ya.

GLADHEN PACELATHON/UNGGAH-UNGGUH BASA





Tidak ada komentar:

Posting Komentar