Jumat, 13 Oktober 2017

Cerkak "Jenengku Parmin, Lha Sampeyan?"

Ora kaya padatane, dina iki Parmin katon klemis. Dheweke arep menyang Solo dolan neng omahe Parmi. Parmi kuwi mbak yu kang paling tua. Dheweke lunga menyang Solo numpak travel. Udakara jam wolu esuk, dheweke wis nyangking tas arep mangkat nyang panggonan travel. 
"Maaak, kula kesah rumiyen." Sinambi salaman karo Mak'e
"Walaaaah, iya le, ati-ati neng dalan. Aja lali salamku kanggo mbak yu mu Parmi." Pandongane Mak'e nyang Parmin
"Nggih Mak. Pun, kula pamit. Assalamu'alaikum."
"Wa'alaikumsalam."


Tekan panggonan travel, Parmin banjur marani pegawai travel. Dheweke arep takon, armada sing ngendi kang bakal nggawa awake menyang Solo. Jare pegawene, armada kang werna ireng sisih kulon. Travel ora langsung mangkat. Parmin kudu sabar ngenteni kurang luwih setengah jam. Dheweke ngenteni ana ing bangku sisih armada kang arep menyang Solo.
Ana ing bangku, ngenteni pawongan ayu, resik, lan putih.

"Oalaaah, bejo tenan uripmu Min." Batine Parmin nalika lungguh ing bangku kuwi.
"Mbak, sampeyan ajeng tindak Solo?" Parmin mbukak omongan. Miturut bocah saiki, Parmin iki lagi PDKT, lagi modus pumpung ana kesempatan emas. Wkkkkk...Wkkkk
"Eeee.... Hmmmm.... Nggih." semaure pawongan ayu mau rada mangu-mangu
"Tepangaken. Kula Parmin." Parmin ngenalake dheweke karo ngelungake tangan. Pawongan kuwi mesem. Banjur mbales ngelungake tangan sinambi mangsuli, "Kula Dita. Ananging, menawi wonten toko, nama kula niki Leni. Dita wau nama kula rikala wonten griya. Sampeyan boten usah bingung nggih mas?"
"Boten Mbak Dita, Eeeh.... Mbak Leni."
"Nanging mas, kula niki wonten peken nalika kulakan diceluk Rara."
"Waalaaaah."
"Dening rencang-rencang, kerep nyeluk kula Fia."
"Ealah mbak, janjane asmane sampeyan ingkang pundi ta Mbak?"
"Sedaya nggih nama kula mas. Wong, nama jangkep kula niku DITALENI RAFIA."

Parmin mlongo ora bisa ngomong apa-apa meneh.


Cerita terinspirasi dari Radio Harbos FM Pati.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar