Senin, 19 September 2016

Tegese Sesanti "Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani"

Sesanti Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani panci ora asing maneh ing bebrayan tanah Jawi. Sesanti kang misuwur anggitanipun tokoh pendhidhikan Ki Hajar Dewantara kuwi duweni tegea utawa makna kang bisa dadi pitutur kang becik tumprap kita minangka rakyat Indonesia.

Miturut buku "Semiotika Jawa", anggitane M. Hariwijaya, nerangake bilih Ki Hajar Dewantara ngrumusake pikiran babagan pendhidhikan udakara taun 1930 M.

Piyambake kuwi hafiz Al - qur'an lan dadi mentri pendhidhikan nalika jaman Presiden Soekarno.

Dening teges utawa makna sesanti Ing ngarsa sung tuladha yaiku pemimpin kang manggon ana ing pangarepan wajib aweh pitutur lan patuladhan.

Tegese Ing madya mangun karsa yaiku dene manggon ana ing tengah-tengah, kudu bisa ngrumusake ancas uga cita-cita kang dadi kekarepan bangsa.

Tegese Tut wuri handayani yaiku dene ana ing mburi, duweni tugas motivasi supaya kekarepan bangsa bisa kaleksanan.

Kuwi kang bisa kababar saka sesanti "ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani" miturut buku " Semiotika Jawa".


Tidak ada komentar:

Posting Komentar