Jumat, 05 Februari 2016

Handphone

Jaman modern kaya saiki beda adoh jaman cilikanku mbiyen. Jaman cilikanku sekitar tahun 90-an, aku ora kenal sing jenenge komputer apa meneh gadget. Kenal komputer wae nalika aku SMP. Jaman cilikanku, dolanane ora kaya jaman bocah cilik saiki.

Aku lan kanca-kancaku senengane dolanan delikan, betengan, karet, pasaran, lan dolanan-dolanan tradhisional liyane. Beda karo jaman saiki. Bocah cilik wis cekelane handphone. Aku wae nyekel handphone nalika lulus SMA udakara tahun 2005. Iya maklum, aku iki anake wong pas-pasan. Ditumbasna handphone supaya bisa komunikasi nalika aku kuliah ana ing Semarang.



Bocah saiki wayahe sinau wae cekelane handphone. Ana ing njero kamar jare sinau jebul ing ngisor buku ana handphone lagi update status "Belajar dulu ah.. Moga dapat nilai bagus." Hmmm pamitan karo wong tuwa sinau, jebul malah update status. Sing lucu maneh, bocah-bocah saiki sekolah ndablege ora umum. Ana ing sekolahan jelas ana peraturan ora entuk nggawa handphone. Ananging, ora sithik sing ndelik-ndelik nggawa handphone.

Akale uga akeh banget. Handphone mboh didelikake ing ngendi iku isih dadi pitakonanku nganti saiki. Lha piye arep ngrupyuk, bocah saking cerdike oleh ndelikake handphone. Kadang aku kudu ngguyu. Jam-jam pelajaran isa-isa wae bocah-bocah padha upload foto lan update status. Ora eling apa kepriye yen gurune ana kang dadi kancane. Bocah kang disindir mau iya gur ngguya-ngguyu tok. Iku ora mung bocah siji loro sing update utawa upload foto nalika jam sekolah, ananging akeh banget.

Pancen jamane wis beda. Nek jamanku sekolah biyen, paling ngrupyukan bapak-ibu guru nalika jam sekolah gur masalah seragam. Handphone wae mung siji loro sing duwe. Durung ana facebook, BBM, watchup lan liya-liyane. Anane mung friendster, iku wae mung bisa dibuka ana ing warnet nyambi-nyambi pas nggarap tugas sekolah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar