Rabu, 06 Januari 2016

Cerkak "Parmin lan Monggo"

Ing sawijining dina, Parmin dolan menyang omahe kancane Bejo. Bejo kuwi kanca kenthele PArmin. Wong loro wis padha janjian arep dolanan layangan ing lapangan. Numpak pit alon-alon, Parmin ora krasa wis tekan ngarep omahe Bejo.

Ora kaya padatane, omahe Bejo sepi, "Hmmm... Lha kok kaya kuburan ngene, sepine ra umum." batin si Parmin. Parmin banjur mlaku tekan ngarep lawang omahe Bejo.
"Assalamu'alaikum, Jo.... Bejo." Parmin bengok-bengok ngundang Bejo. Ora ana wong nyauri, ananging Parmin krungu swara watuke Bejo.



"Jo.... Bejo..... Bejo...." Parmin mbengok maneh.
"Monggo... monggo ..." Akhire Bejo semaur. Let suwe ngenteni ing ngarep lawang, lawang ora gage dibuka. Ananging, Parmin krungu Bejo isih mbengok muni mangga.
"Hmmm, apa aku langsung mlebu dhewe ya?" batin Parmin. Parmin banjur mbuka lawang omahe Parmin karo ngomong, "Jo, aku mlebu lho, lawangmu tak buka."
"Monggo... monggo..." Bengokane Bejo.
Parmin mlebu ing omahe Bejo. Isih katon sepi. Ananging krungu swarane Bejo kang isih bengok-bengok muni mangga. "O.... wong sedeng tenan bocah iki, aku wis mlebu omah kok isih muni mongga-monggo." Parmin ngomong karo ngepruk gegere Bejo. Bejo kang dikepruk kaget.
"Lho, kapan kowe tekan kene Min?" pitakonanae Bejo bingung campur kaget. Parmin kang ditakoni uga melu bingung.
"Lhadalah Jo... Jo, lha kowe sing ngongkon aku mlebu mau. Aku ki wis neng ngarep omahmu suwe."
"Kapan aku ngongkon mlebu?" Bejo isih bingung.
"Lha, kowe mau nyauri salamku. Mangga... mangga. Banjur aku ngomong nek mbok kon mlebu, kowe uga nyauri mangga... mangga. Ya aku langsung mlebu wae." Parmin nerangna karo nirokake swarane Bejo.
"Oalah Min, aku iki mau ora krungu kowe teka. Aku mau bengok-bengok amarga ana kewan monggo iki lho pirang-pirang." Bejo ngomong karo ndelengake kewan monggo limang iji ing pluruhan kang dicekeli.
Parmin kang ndeleng kewan monggo mau mlongo sedela lan banjur ngguyu kemekelen. Wong loro pungkasan padha ngguyu bareng. "Eaalah, mung gara-gara monggo ta iki."
"Haaaa....haaaa...haaaaa"


Dening: Mu'linnatus Sa'dah, S.Pd

Cluwak, 6 Januari 2016

Tidak ada komentar:

Posting Komentar