Kamis, 22 Oktober 2020

Pangerten Pariwara (Iklan Bahasa Jawa)

Iklan yaiku pangajak kang  ditindakake kanthi dibolan-baleni. Lumrahe dibiwarake (disebarluaskan) mawa media cethak elektronik, gawe utawa ngrakit iklan iku ora mung waton nggawe nanging ana paugeran supaya anggone gawe iklan mau ginayuh tujuane. 




Bab-bab kang perlu digatekake sajroning iklan iku ana loro (2) yaiku:

Bab Isine Iklan

  • kudu objektif lan jujur
  • cekak lan cetha
  • ndudut ati (narik kawigaten)

Basane iklan:

Iklan kang becik iku basane dirakit kanthi :

  • Gampang ditampa
  • Ukarane cekak aos, cetha lan ndudut ati 
  • Gambare cetha, gampang dingerteni, ndudut ati, lan nggodha wong nganti kepengin nduweni, nuwuhake rasa kepengin ngerti lan nyoba maneh
  • Isine nyata lan ora ngapusi apa ngarang
  • Sipate ajak-ajak, aja nganti kang pirsa utawa kang mireng rumangsa diguroni apa maneh dipeksa.

Pariwara/ Iklan yaiku

Isine 

  • Tawa dagangan hasil produksi/barang
  • Tawa jasa

Sifate

  • Ngajak-ajak marang konsumen (masyarakat pembeli) supayane tuku apa sing  ditawakake/dipariwarakake.
  • Narik kawigaten (menarik perhatian) supaya migunakake jasa sing ditawakake.

Wujude

  • Tetembungan
  • Gambar
  • Swara tetembungan-swara lagu
  • Swara instrumentalia-acting

Media 

  • Elektronik : radio, TV, internet.
  • Cetak : ariwarti (Koran), kalawarti (Majalah), tabloid, cathetan penting. Pariwara kang wujude pawarta (berita) iku diarani advertorial
  • Wosing publikasi, yaiku aweh katerangan marang pamaca,babagan : apa wae kang ana sambung rakete karo produk, ing antarane : kandungan bahan kasiat/manfaat, perijinan, cabang, lan sapanunggalane.

Tuladha Pariwara


wursita basa, hal 58

wursita basa, hal 57

wursita basa, hal 59


source: Drs. Ngadi,M. Pd. 2015. Wursita Basa kelas VIII. Klaten: Sahabat.



 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar