Rabu, 05 November 2014

PANTAI INDRAYANTI JOGJA (TULADHA LAPORAN KUNJUNGAN)

PELAPURAN NEKANI OBJEK WISATA PANTAI INDRAYANTI

Titi mangsa       : 2-3 November 2014
Papan               : Pantai Indrayanti Jogja
Budhal-Bali      : Tabuh 07.00-11.00 WIB

Nalika dina Minggu 2 November kepungkur, SMP N 1 Cluwak nganakake wisata kaluwarga ing Jogjakarta. Rombongan ngumpul udakara jam 11 awan. Ana telung bis kang ngangkut rombongan. Bise saka universal. Kabeh guru lan karyawan SMP N 1 Cluwak padha melu. Ana sing ora melu gur sithik sekitar 5 kaluwarga.
Bis transit ana ing kutha Demak udakara jam 15.00 WIB kanggo mangan awan lan sholat Azhar. Lakune bis rada alon-alon amarga ana pawai ing Kajen lan Salatiga. Dadi tekan Jogja udakara jam 19.30 WIB. Rombongan padha istirahat ing hotel Amarta sewengi. Bengine, udakara jam 20.30 WIB dianakake adicara purna wiyata salah sijine kanca kang wis purna. Banjur ditutugake istirahat.
Jam 07.00 WIB, rombongan bubar sarapan banjur mangkat ana ing Gunung Kidul menyang objek wisata pantai Indrayanti. Pantai Indrayanti rada adoh saka hotel. Perjalanan udakara rong jam. Dalane menggak-menggok, dadi akeh rombongan sing padha mabuk. Jam 09.00 tekan ing pantai Indrayanti. Jebule pantaine isih apik lan resik banget. Ananging, rada getun amarga kawanen. Ing kana wis rada panas. Sesawangane katon endah banget. Aku marem. Kahanane isih sepi, pasire warnane putih, lan resik banget.
Ing pantai Indrayanti kira-kira sekitar 1.5 jam. Ananging, sanadyan mung sedhela rasane marem tenan. Apa maneh isa melu nguri-uri panggonan kang isih asri kuwi. Cara penjagane pantai, Indrayanti kuwi Kuta ing Jogja.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar